Langsung ke konten utama

Lirik Lagu Pamer Bojo - Didi Kempot

Lirik Lagu Pamer Bojo - Didi Kempot

Judul Lagu : Pamer Bojo
Ciptaan : Didi Kempot
Di Populerkan : Didi Kempot
Genre : Dangdut Campursari

Lirik lagu Pamer Bojo - Didi Kempot

Koyo ngene rasane wong nandang kangen,
Rino wengi atiku rasane peteng..
Tansah kelingan kepingin nyawang,
Sedelo wae uwis emoh tenan..

Cidro janji tegane kowe ngapusi,
Nganti seprene suwene aku ngenteni..
Nangis batinku nggrantes uripku..
Teles kebes netes eluh neng dadaku..

Dudu klambi anyar
Sing neng njero lemariku..
Nanging bojo anyar
Sing mbok pamerke neng aku..

Dudu wangi mawar
Sing tak sawang neng mripatku..
Nanging kowe lali,
Nglarani wong koyo aku..

Nengopo seneng aku,
Yen mung gawe laraku..
Pamer bojo anyar
Neng ngarepku…

Cidro janji tegane kowe ngapusi,
Nganti seprene suwene aku ngenteni..
Nangis batinku nggrantes uripku..
Teles kebes netes eluh neng dadaku..

Dudu klambi anyar
Sing neng njero lemariku..
Nanging bojo anyar
Sing mbok pamerke neng aku..

Dudu wangi mawar
Sing tak sawang neng mripatku..
Nanging kowe lali,
Nglarani wong koyo aku..

Nengopo seneng aku,
Yen mung gawe laraku..
Pamer bojo anyar
Neng ngarepku…

Nengopo seneng aku,
Yen mung gawe laraku..
Pamer bojo anyar
Neng ngarepku…

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Lirik Lagu Angenteni - Wulan Sari

Judul Lagu : Angenteni Ciptaan : H. Manteb Sudarsono Di Populerkan : Wulan Sari Genre : Langgam Campursari Lirik Lagu Angenteni - Wulan Sari Aku ngenteni tekamu Koyo ngenteni mudhune wahyu Janjimu tansah sumimpen jroning kalbu Duh kusumo pepujanku Tak jaluk jo cidro janji Duh wong bagus si rukmaning ati Amung siro dadi ati rino wengi Aku tansah angenteni Mugo mugo tetepo tansah sumanding Kadyo kanthi duh wong manis lencir kuning Kledang kledang kae teko Pranyoto janjine tetep cidro Gelang alit welut wiso sak umpomo Ojo lali kalih kulo INTRO Mugo mugo tetepo tansah sumanding Kadyo kanthi duh wong manis lencir kuning Kledang kledang kae teko Pranyoto janjine tetep cidro Gelang alit welut wiso sak umpomo Ojo lali kalih kulo

Lirik Lagu Cewek Gaul - Jithul

Judul Lagu : Cewek Gaul Ciptaan : - Di Populerkan : Jithul Genre : Langen Tayub Lirik Lagu Cewek Gaul - Jithul Ibarat kembang kowe isih wangi Ibarat tebu kowe pancen legi Akeh tawon kang podo nyedak’i Nyesep sari sarine kembang melati Budhal isuk mulihe mesti sore Rambute abang di tato alise Sing nggandhengi sabendino seje Gonta ganti pacare ono selawe Cewek cewek gaul yen ngguyu untune gingsul Soyo pantes yen nganggo erok sak dengkul Cewek cewek cewek gaul ngisor nduwur kabeh gaul Yen lumaku bokonge mentul mentul Sopo wonge sing ora clegukan Nyawang bokong bodine koyo dandang Tumpak’ane sepeda motor lanang Cewek gaul ayune sak kecamatan

Lirik Lagu Jago Kluruk

Judul Lagu : Jago Kluruk Ciptaan : - Di Populerkan : Okta Genre : Langgam Campursari Lirik Lagu Jago Kluruk Wis wayah esuk jagone kluruk Rame swarane pathing kemrusuk Aduh senenge sedulur tani Bebarengan podo nandur pari Srengenge nyunar ngulon parane Manuke ngoceh ono wit witan Pathing cemruit seneng atine Katon asri dunyo sak isine Wis wayah esuk jagone kluruk Rame swarane pathing kemrusuk Aduh senenge sedulur tani Bebarengan podo nandur pari